Desa Pakuncen

Kec. Selomerto, Kab. Wonosobo
Prov. Jawa Tengah

Loading

Desa Pakuncen

Hari Libur Nasional

Wafat Isa Almasih

  • Hari
  • Jam
  • Menit
  • Detik
Info
Selamat Datang di Website Resmi Desa Pakuncen Kecamatan Selomerto Kabupaten Wonosobo

Berita Desa

Komentar Terbaru

BIOGRAFI TUMENGGUNG JOGONEGORO

 

 

RM ONTOKUSUMO

Satunggaling prajurit sandi saking Negari ngyojokarto Hadiningrat ingkang kajibah gamanaken wilayah DULANG EMAS ingkang wekdal sakmeniko nameni KEDU – MAGELANG – BANYUMAS saking penjajahan Welandi.

Jejibahanipun Rm. ONTOKUSUMO dipun wiwiti saking kito purworejo ing kito Purworejo Rm. ONTOKUSUMO sak andahanipun saperlu mulang nuruk dumateng poro nemneman ing purworejo lan sekiraipun. Poro nemneman dipun latih ulah kridaning prajurit  serto pangertosan AGAMI ISLAM supados sami gumregah penggalihipun saperlu nundung penjajah welandi kesah saking wewengkon tanah jawi.

Saksampunipun katah poro nemneman ingkang kagulowentah ulah kridaning jurit serta pangertosan babagan agami islam RM ONTOKUSUMO sak andahanipun nerasaken lampah dating gombong. Ing ngriku ugi mulang muruk dating poro nemneman ingkang kagulowentah malah kridaning jurut sarto agami islam.

Poro nemneman supados gumregah manahanipun saperlu nundung penjajah welandi kesah saking tanah jawi.

Saking gombong Rm. ONTOKUSUMO sak andahanipun nerasaken lampah dating wadaslintang ing ngriku ugi teras mulang muruk ulah kridaning jurit sarto pangertosan agami islam.

Poro nem-neman ing wadaslintang supados sami gumregah manahipun saget sami sesarengan dipun jak nundung penjajah welandi saking tanah jawi. Saklebetipun Rm. ONTOKUSUMO mulang muruk poro nemneman ing wadaslintang Rm. ONTOKUSUMO nampi dawuh saking Kraton Ngayogyokarto, supados lumawat dateng baturaden purwokerto sakandahanipun supados manunggal kaliyan poro noro projo saking jawi wetan. Sakandahanipun ngayahi jejibahan wonten ing baturaden Rm. Ontokusumo pinanggih kalian satunggaling prajurit wanito saking jawi wetan ingkang aslinipun saking TENGGER ingkang asmanipun R.A. ROGOPADMI.

Ing ngrikulah Rm. ONTOKUSUMO saget sesambetan sae kalian R.A Rogopadmi. Rm. Ontokusumo sesampunipun cekap ngayahi jejibahan wonten baturaden tindak sesarengan kaliyan RA. Rogopadmi lan sedoyo poro andahanipun tumuju dating selomanik saperlu manunggal kaliyan Tumenggung Selomanik ( kaliwiro).

Sawetawis dangu wonten ing selomanik Rm. Ontokusumo lajeng pindah dating banjarnegara sak andahanipun. Wonten ing banjarnegara tindakanipun Rm. Ontokusumo kadenangan moto witaning welandi.

Rm. Ontokusumo manggihaken papan wonten ing dukuh alit ing ngriku wonten satunggaling selo ageng ingkang sekeco sanget kangge lenggah mengsah semadi lajeng  papan meniko dipun nameni SELONEGORO – SELOGORO ing ngrikulah Rm. Ontokusumo sak andahanipun lajeng sami mesanggrah wonten ing SELONEGORO ingkang wekdal sakpuniko pun nameni SELOGORO.

Saksampunipun sawetawis wekdal manggenipun mesanggrah wonten ing selogoro Rm. Ontokusumo lajeng ngleksanaaken polokrami kaliyan RA ROGPADMI. Dene papan ingkang kangge ngleksanaaken polokrami dipun paringi name SELOKROMO. Dumadakan wonten angin ingkang sakalangkung agung swantenipun kemrosak Rm. Ontokusumo ical kabuncang dening maruto (angina gung) dawah ing selo ageng ugi, naming Rm. Ontokusumo dereng wudar semadinipun. Poro andahanipun mangertos menawi Rm. Ontokusumo ical kabuncang dening angin ageng ingkang nembe kapireng meniko wau. Poro andahanipun Rm. Ontokusumo lajeng sami ngupadi wonten pundi dunungipun Rm. Ontokusumo.

Poro andahanipun dipun sebar wonten panggenan ingkang sewau kapireng swantenipun KEMORSAK ---- ingkang sakmeniko dipun nameni dusun krasak. Wonten satunggaling andahan ingkang manggihaken Rm. Ontokusumo saweg lenggah wonten selo ageng naming boten wanton mudaraken semadinipun supados sami nenggo kemawon wonten sacelakipun Rm. Ontokusumo. Sareng Rm. Ontokusumo wudar semadinipun pirso bilih garwo lan sedoyo poro andahanipun sampun sami nenggo wonten ing ngriku.

Rm. Ontokusumo mboten ngraos menawi anggenipun mengsah semadi sampun pindah panggenan. Sareng sampun dipun aturi pangertosan saking ingkang garwo RA Rogopdmi lan sedoyo poro andahanipun menggah kedadosan meniko, Rm. Ontokusumo lajeng ngersaaken mesanggrah wonten ing ngriku kemawon mboten bade kondur dating SELONEGORO. Ingkang sarehning wekdal puniko Rm. Ontokusumo saweg mengsah semadi lenggah wonten ing SELONEGORO lajeng kabuncang ing maruto dawah wonten ing selo ageng ugi lajeng papn puniko dipun nameni SELOMARUTO. Wekdal sakmeniko ingkang name SELOMERTO. Saksampunipun sawetawis dangu anggenipun mesanggrah wonten ing SELOMARUTO kaliyan bolo prajurit sandi lan mulang muruk dating poro nemneman babagan ulah kridaning keprajuritan lan pangertosan agami islam ing SELOMERTO lan sekitaripun. Ing satunggaling dinten wonten utusan saking kraton ngayogyokarto saperlu amisudo dumateng Rm. Ontokusumo dados Tumenggung wonten ing SELOMARUTO ( SELOMERTO). Lajeng Rm. Ontokusumo kawisudo dados Tumenggung ing SELOMARUTO kanti kaparingan Gelar Ki Tumenggung JOGONEGORO.

Ki Tumenggung JOGONEGORO kagungan garwo kalih :

  1. Putri saking NGAYOGYOKARTO ingkang asmo : …………………… Putro Putri saking ………………………….
  2. Putri saking Tengger Jawi Wetan ingkang asmanipun RA Rogopadmi. Putro Putri saking Eyang Agung ingkang sumare ing tengger.

Ki Tumenggung JOGONEGORO sesampunipun ngasto pusaraning adil wonten ing bumi SELOMARUTO lajeng yoso siti pasabibab kangge ulah tetanen wonten ing CANDI BOCANG ingkang artosipun CANDI = KRATON lan BOCANG = WURUNG

Dados siti ingkang kangge ulah tetanen Ki. Tumenggung Jogonegoro meniko siti ingkang bade kangge Kraton nanging lajeng wurung.

Saperangipun siti meniko wonten ingkang dipun nameni : LIMBUNG SILAYUR. Ngantos siti meniko dados kawigatosanipun poro masyarakat ing SELOMARUTO lan sekitaripun. Menawi Lumbung SILAYUR meniko tetanenipun lan tetuwuhipun sae meniko pratondo wilayah ingSelomaruto lan sekitaripun bade mirah sandang lan curah tedo: menawi lumbung Silayur tetanenipun mboten sae utawi kaserang dening omo meniko pratondo wilayah ing Selomaruto bade awis sandang lan tedo.

Ki Tumenggung JOGONEGORO kajawi yoso siti kangge Pasabinan ugi yoso siti kangge Pakawisan kangge dalem KATEMENGGUNGAN.

Dene siti wau inggih meniko ingkang dipun wastani :

  1. JOGODIKARAN : papan meniko ingkang kagem dalem Katemenggungan.
  2. JOGOWEDANAN : papan meniko ingkang kagem dalem poro andahanipun.
  3. JOGOYITNAN : papan meniko ingkang kagem dalem palereman.
  4. KRADENAN : papan meniko ingkang kagem dalem poro keluarganipun lan poro sentananipun Ki Tumenggung Jogonegoro.

Ki Tumenggung Jogonegoro kgungan kerabat lan andahanipun inggih meniko :

  1. K. HANDANGKORO
  2. K. SUROWEDONO
  3. K. SOMODILOGO
  4. K. KEDU.
  5. K. SOMOWIJOYO.
  6. WIJOSENO.
  7. K. MANGUNDIPO

Saksampunipun Ki Tumenggung Jogonegoro mancik yuswo sepuh, lajeng utusan dumateng Mangundipo supados angupadi papan pasarean kangge mbenjang menawi sampun sedo.

K. Mangundipo lajeng angupadi papan panggenan ingkang sae manggahing Ki Mangundipo sinambi kangge papan piyambaipun menawi sampun dumugining sedo. Amargi saking agenging katrisnan anggening kapitadosan kaliyan Ki. Tumenggung Jogonegoro.

Ki Mangundipo kagungan janji sumpah : Menawi dumugining sedo mboten bade tebih-tebih kaliyan sesareanipun Ki Tumenggung Jogonegoro. Istilahipun bade sedo ingkang Pesareanipun sukon-sulukan kaliyan pesareanipun Ki Tumenggung Jogonegoro ingkang artosipun menawi – Ki Tumenggung Jogonegoro dipun sareaken wonten siti ingkang inggil Ki Mangundipo kedah wonten sak Pangandapipun.

Pamilihipun Ki Mangundipo inggih meniko ingkang dipun wastani Bumi kepatihan, ingkang supados caketan kalian kadang sepuhipun ki Tumenggung Jogonegoro inggih meniko : Kyai GUNTURGENI. Dene papan ingkang kapilih ki mangundipo ingkang bade kagem piyambak wonten sak pangandapipun pesareanipun kyai Gunturgeni, supados caketan kaliyan pesareanipun Ki Tumenggung Jogonegoro lan Kyai Gunturgeni.

Pemilihipun Ki Mangundipo sareng Kaaturaken dating Ki Tumenggung Jogonegoro mboten kalegan ing penggalih. Ki Manugndipo ngraos cuwo sanget ing penggalihipun dene pamilihipun papan ingkang sampun kaanggep cocok sanget kok mboten saget katampi.

Saklajengipun ki Tumenggung Jogonegoro ngupadi papan piyambak Ki Tumenggung Jogonegoro manggihaken panggenan ingkang coco king penggalihipun. Amargi ki Tumenggung Jogonegoro nembe nyabrang kali – lanang teras minggah dating gumuk alit ngriku ki Tumenggung Jogonegoro ngraos remen ing penggalihipun lajeng gumuk meniko dipun nameni MUNGGANG – LANANG.

Papan meniko ingkang kacawisaken kangge papan pasarean mbenjang menawi sampun dumugining sedo. Sasampunipun ngasto pusaranipun Adil ing wewengkonipun Bumi Selomaruto ( Selomerto ).

Ki Tumenggung Jogonegoro ngresaaken bgelermaken penggalih wonten ing Ngayojokarto dangunipun 1.000 dinten. Ki Tumenggung Jogonegoro kundur ing Ngayojokarto tahun 1855 M. dereng ngantos dumugi 1.000 dinten anggenipun menggah wonten ing Ngayojokarto kadadak greah ngantos dimugi ing sedanipun.

Ki Tumenggung Jogonegoro sedo dinten SELOSO – WAGE, TANGGAL 13 Rajab tahun 1839 tahun saka (jawi) tanggal 7 Oktober tahun 1857 M.

Sesampunipun poro ahli waris saking Selomerto mangertos menawi Ki Tumenggung Jogonegoro sedo wonten ing Ngayojokarto ahli waris saking Selomerto teras mendet Jenazahipun Ki Tumenggung Jogonegoro dating SELOMERTO.

Sesampunipun jenazah kauntapaken saking dalem palereman dating SELOMERTO wonten ahli waris saking KAUMAN WONOSOBO saperlu bade mendet Jenazahipun ki Tumenggung Jogonegoro wonten ing dalem Palereman wonten Jenazahipun Ki Tumenggung Jogonegoro malih ingkang kedadosan saking TEKENIPUN Ki Tumenggung Jogonegoro. Lajeng jenazah kaaturaken dating ahli waris saking kauman wonosobo.

Wonten ahli waris saking Selomanik ugi saperlu bade mundut jenazahipun ki Tumenggung Jogonegoro maling ingkang kedados saking AGEMANIPUN DESTAR Ki Tumenggung Jogonegooro. Jenazah kaaturaken dating ahli waris saking Selomanik. Kadadosan meniko dumados ngantos rambah kaping 9 (songo). Dsados sedoyo ahli warisipun Ki tumenggung Jogonegoro sedoyo.

Saking agenging katrisnan lan kapitadosanipun Ki Mangundipo kalian Ki Tumenggung Jogonegoro ngantos jenazahipun ki mangundfipo mboten purun kapisah tebuh kaliyan jenazahipun Ki Tumenggung Jogonegoro.

Akhiripun Ki Mangundipo andamel pepalang dumateng lampahipun jenazahiipun Ki Tumenggung Jogonegoro, sarono ngawontenakenJawah Ageng lan Banjir bandang wonten ing BENGAWAN SIRAHAYU. Ingkang sarehning Ki Mangundipo ingkang andamel pepalang. Pramilo papan kuburanipun ki Mangundipo lajeng dipun nameni kuburan PEPALANG ( KUBURAN PLALANGAN).

Kanti coro mekaten meniko saget kasembadanipun panuwunipun Ki Mangundipo kaliyan Ki Tumenggung Jogonegoro saged sumare kanti ingkang dipun wastani semare SUKON – JULUKAN. Sesampunipun Ki Tumenggung Jogonegoro kasareaken wonten ing bUMI KAPUTIHAN. Garwo sentoro lan andahanipun menawi sampun dumuginipun sedo lajeng kasareaken kempal kaliyan Ki Tumenggung Jogonegoro. Sedoyo ingkang sumare kempal kaliyan Ki Tumenggung Jogonegoro cacahipun wonten 9 (songo) ingkang dados satunggal panggenan.

Dene jenazahipun Ki Tumenggung Jogonegoro ingkang kabeto dating SELOMERTO naliko  bade kasareaken dating papan ingkang sampun kacawisaken wonten ing MUNGGANG  LANANG -  gumuk alit (puntuk) ing Dukuh Wonokasihan naliko jenazah dumugi ing BUMI KEPUTIHAN dusun KUNCI – KUNCE – PAKUNCEN dumadaan wonten angin sarto jawah ageng tanpo wonten kendel – kendelipun sahinggo nuwuhaken banjir bandang wonten Bengawan SIRAHAYU – kali SERAYU : dangunipun ngantos 7 (pitung) dinten 7 dalu tanpo wonten kendel-kendelipun. Akhiripun jenzahipun Ki Tumenggung Jogonegoro mboten saget kabeto dating puntuk – munggang Lanang amargi kepalang banjiripun bengawan Sirahayu – kaliserayu ingkang mboten saged dipun sebrangi.

Akhiripun Jenazahipun Ki Tumenggung Jogonegoro dipun sareaken wonten ing Bumi Kaputihan Dusun Kunci – Kuncen –Pakuncen. Miderek cariosipun poro sesepuh ing bumi kaputihan ingkang ngawontenaken angin – jawah ageng lan banjir bandang wonten ing Bengawan Sirahayu – kali serayu puniko Ki Mangundipo.

Ki mangundipo meniko sedo langkung rumiyin katimbang ki Tumenggugn Jogonegoro. Ki Mangundipo kasareaken wonten sak ngandapipun kyi GUNTUR GENI kadangipun sepah ki Tumenggung Jogonegoro.

Ingkang sumare kempal kaliyan Ki Tumenggung Jogonegoro cacahipun 9.

  1. Ki Tumenggung Jogonegoro
  2. Nyai  Tumenggung Jogonegoro
  3. K. Handangkoro
  4. K. Somodilogo
  5. K. Somowijoyo
  6. Kyai Kedu
  7. Wijoseno
  8. Gagak Rimang
  9. Gagak wulung

Carios meniko kawulo susun mendet saking dedongenipun nenek moyang lan dedongenipun poro sesepuh ing dusun pakuncen lan dusun Selomerto kawulo menongko payusun ngrumaosi sanget katah kelepatanipun lan kekiranganipun anggen kawulo nyusun dedongengan meniko

Pramilo katur dumateng sederek pamaos sintenn kemawon ingkang saged ngleresaken dating kalepatanipun utawinsaget nambahi dating kekiranganipun kawulo minongko panyusun carios meniko ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpo upami. Lan kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami.

Beri Komentar

CAPTCHA Image

Desa

710

LAKI-LAKI

LAKI-LAKI710penduduk

772

PEREMPUAN

PEREMPUAN772penduduk

1.482

TOTAL

TOTAL1.482penduduk

Layanan
Mandiri

Hubungi Pemerintah Desa untuk mendapatkan PIN

Pemerintah Desa

Kepala Desa

ALI

Tidak Ada di Kantor

Sekretaris Desa

ABDUL LATIF

Tidak Ada di Kantor

Kaur Keuangan

DWI NURFENDI

Tidak Ada di Kantor

Kaur Umum dan Perencanaan

MUCHAMMAD ARIFIN

Tidak Ada di Kantor

Kasi Pemerintahan

SUKONO

Tidak Ada di Kantor

Kadus Krotok

SETYA PAMUNGKAS

Tidak Ada di Kantor

Kadus Pakuncen

FATIKHATUL ASFIYA

Tidak Ada di Kantor

Kasi Kesra dan Pelayanan

AHMAD SAFINGUDIN

Tidak Ada di Kantor

PERKEMBANGAN PENDUDUK

Bulan Ini

Kelahiran

0

Orang

Kematian

0

Orang

Masuk

0

Orang

Pindah

0

Orang

Bulan Lalu

Kelahiran

0

Orang

Kematian

0

Orang

Masuk

0

Orang

Pindah

0

Orang

LAYANAN SURAT PENGANTAR

Hari Ini

0

Surat

Kemarin

0

Surat

Minggu Ini

0

Surat

Bulan Ini

0

Surat

Bulan Lalu

9

Surat

Tahun Ini

34

Surat

Tahun Lalu

174

Surat

Total

426

Surat

Agenda

Untuk sementara, belum ada agenda yang akan dilaksanakan.

Komentar
Statistik Pengunjung
Hari ini : 73
Kemarin : 854
Total Pengunjung : 113.437
Sistem Operasi : Unknown Platform
IP Address : 18.117.228.247
Browser : Mozilla 5.0

Transparansi Anggaran

APBDesa 2024 Pelaksanaan

Pendapatan Desa

Realisasi | Anggaran

Rp. 1.299.409.001,00Rp. 1.300.872.079,00

99.89%

Belanja Desa

Realisasi | Anggaran

Rp. 1.287.906.481,00Rp. 1.315.346.762,00

97.91%

Pembiayaan Desa

Realisasi | Anggaran

Rp. 34.474.683,00Rp. 14.474.683,00

238.17%

APBDesa 2024 Pendapatan

Dana Desa

Realisasi | Anggaran

Rp. 681.845.000,00Rp. 681.845.000,00

100%

Bagi Hasil Pajak Dan Retribusi

Realisasi | Anggaran

Rp. 30.706.000,00Rp. 30.706.000,00

100%

Alokasi Dana Desa

Realisasi | Anggaran

Rp. 365.550.495,00Rp. 367.945.000,00

99.35%

Bantuan Keuangan Provinsi

Realisasi | Anggaran

Rp. 120.000.000,00Rp. 120.000.000,00

100%

Bantuan Keuangan Kabupaten/Kota

Realisasi | Anggaran

Rp. 100.000.000,00Rp. 100.000.000,00

100%

Bunga Bank

Realisasi | Anggaran

Rp. 1.307.506,00Rp. 376.079,00

347.67%

APBDesa 2024 Pembelanjaan

Bidang Penyelenggaran Pemerintahan Desa

Realisasi | Anggaran

Rp. 442.229.337,00Rp. 446.375.762,00

99.07%

Bidang Pelaksanaan Pembangunan Desa

Realisasi | Anggaran

Rp. 742.877.144,00Rp. 755.461.000,00

98.33%

Bidang Pembinaan Kemasyarakatan Desa

Realisasi | Anggaran

Rp. 56.090.000,00Rp. 63.800.000,00

87.92%

Bidang Pemberdayaan Masyarakat Desa

Realisasi | Anggaran

Rp. 17.910.000,00Rp. 20.910.000,00

85.65%

Bidang Penanggulangan Bencana, Darurat Dan Mendesak Desa

Realisasi | Anggaran

Rp. 28.800.000,00Rp. 28.800.000,00

100%
Pemerintah Desa

ALI

Kepala Desa


Tidak Ada di Kantor

ABDUL LATIF

Sekretaris Desa
Tidak Ada di Kantor

DWI NURFENDI

Kaur Keuangan
Tidak Ada di Kantor

MUCHAMMAD ARIFIN

Kaur Umum dan Perencanaan
Tidak Ada di Kantor

SUKONO

Kasi Pemerintahan
Tidak Ada di Kantor

SETYA PAMUNGKAS

Kadus Krotok
Tidak Ada di Kantor

FATIKHATUL ASFIYA

Kadus Pakuncen
Tidak Ada di Kantor

AHMAD SAFINGUDIN

Kasi Kesra dan Pelayanan
Tidak Ada di Kantor